Teks MC Tirakatan 17 Agustus dalam Bahasa Jawa dan Susunan Acaranya
Malam tirakatan di Kelurahan Muja Muju, Umbulharjo, Yogyakarta, 16 Agustus 2022. - Simak contoh teks MC pada malam Tirakatan 17 Agustus dalam bahasa Jawa, lengkap dengan panduan dan susunan acaranya. 
16:47
16 Agustus 2024

Teks MC Tirakatan 17 Agustus dalam Bahasa Jawa dan Susunan Acaranya

Inilah contoh teks MC pada malam Tirakatan 17 Agustus dalam bahasa Jawa.

Anda dapat menggunakan teks di bawah ini untuk memandu acara malam tirakatan 17 Agustus akan digelar pada Jumat, 16 Agustus 2024.

Contoh teks MC Tirakatan 17 Agustus juga dilengkapi dengan panduan dan susunan acaranya.

Namun, Anda dapat mengubahnya sesuai kondisi malam Tirakatan 17 Agustus di daerah Anda.

Teks MC Tirakatan 17 Agustus dalam Bahasa Jawa

1. Salam Pembuka

Assalaamualaikum wr.wb

Bapak, Ibu, sesepuh ingkang kulo hormati,
Dumateng Bapak RT 11 ingkang kawulo hormati,
Dumateng para warga RT 11 ingkang kawulo hormati ugi,
Lan rencang-rencang karang taruna ingkang kulo tresnani.

Langkung rumiyen keparengo angaturaken puji syukur kunjuk wonten ngarsodalem Allah SWT ingkang sampun kepareng paring pinten-pinten kanikmatan, karohmatan dumateng kulo lan panjenengan sami.

Sahinggo kanti kawilujengan, kasarasan, saged angrawuhi pahargyan pengetan dinten kamardikan republik Indonesia ingkang kaping pitung ndhoso songo (79) wontening dalu puniko.

Sholawat sarto salam mugi tetep kacurahaken dumatheng Nabi MuhammadSAW ingkang tansah kita wantu-wantu syafaatipun benjing ing dinten kiamat.

2. Pembacaan Susunan Acara

Dumateng ngarsanipun poro lenggah kakung miwah putri ingkang tansah kulohormati, keparengo kulo wonten ing mriki derekaken lampahing adicoro ingdalu puniko.

Nanging sakderengipun adicoro wonten ing dalu puniko dipunawiti keparengo kulo ngaturaken reroncening adicoro wanten ing dalu puniko.

Adicoro ingkang sepindah pambuko.
Adicoro ingkang kaping kalih inggih meniko nyanyi lagu Indonesia Raya.
Adicoro ingkang kaping tigo inggih meniko sambutan-sambutan.
Sambutan ingkang sepindah saking ketua panitia.
Sambutan ingkang kaping kalih saking bapak RT 11.
Adicoro ingkang kaping sekawan inggih meniko hiburan.
Adicoro ingkang kaping gangsal inggih meniko pembagian hadiah.
Adicoro ingkang pungkasan, panutup.

Amargi wekdal soho kawontenan sampun ndungkap dalu, monggo pahargyan adicara ing dalu punika pun kita wiwiti kanti waosan basmalah sesarengan. Bismillahirrohmanirrohimmm......

3. Menyanyikan Lagu Indonesia Raya

Poro tamu lenggah kakong miwah putri ingkang kulo hormati, kito lajenganken adicoro inkang ongko kalih, inggih puniko nyanyi lagu Indonesia Raya. Para rawuh kasuwun jumeneng.

(Menyanyikan Lagu Indonesia Raya)

Para rawuh kawulo aturi lenggah.

4. Sambutan Ketua Panitia dan Ketua RT

Ndungkap acara ingkang kaping tigo noinggih sambutan-sambutan. Sambutan ingkang sepindah saking ketua panitia.

Dumatheng Bapak Joko Purnomo, wekdal soho panggenan kawulo sumanggakaken.

(Sambutan Ketua Panitia)

Mekaten kolo wau sambutan sangking ketua panitia. Kalajengaken sambutan ingkang kaping kalih noninggih sambutan saking Bapak RT 11.

Dumatheng Bapak Arifin, wekdal soho panggenan kulo sumanggakaken.

(Sambutan Ketua RT)

Mekaten kolo wau sambutan sangking Bapak RT.

5. Acara Hiburan

Acara saklajengipun nun inggih hiburan. Hiburan ingkang sepindah nun inggih, saking adik-adik ingkang badhe nari.

Dhumateng adik-adik, wekdal saha panggenan kulo aturaken.

(Hiburan tari-tarian)

6. Pembagian Hadiah

Kito lajengaken adicoro ongko gangsal, engkang sampun ditenggo kalian adek-adek, injih meniko pembagian hadiah.

Acara badhe dipandu kalian ketua pemuda.

(Pembagian Hadiah)

Mekaten kolo wau pembagian hadiah lomba, mugi-mugi saget nambah semangat adek-adek.

7. Penutup

Adicara ingkang pungkasan noninggih panutup.

Monggo acara ing dalu puniko kito tutup kanti waosan Hamdallah. Alhamdulillah....

Kulo minangka pambyawara menawi wonten klenta klentune atur kulo nyuwun agunging samudro pangaksami.

Akhirul kalam, Wassalamualaikum Wr Wb. Nuwun.

(Tribunnews.com/Sri Juliati)

Editor: Endra Kurniawan

Tag:  #teks #tirakatan #agustus #dalam #bahasa #jawa #susunan #acaranya

KOMENTAR