Contoh Teks Pembawa Acara MC Malam Tirakatan 17 Agustus Bahasa Jawa
teks pembawa acara mc malam tirakatan 17 agustus bahasa jawa (pexels)
16:47
15 Agustus 2024

Contoh Teks Pembawa Acara MC Malam Tirakatan 17 Agustus Bahasa Jawa

Malam Tirakatan akan diadakan satu hari sebelum perayaan HUT ke-79 RI, tepatnya pada tanggal 16 Agustus 2024 mendatang. Untuk Anda yang memerlukan teks pembawa acara MC Malam TIrakatan 17 Agustus bahasa Jawa, Anda dapat cermati contohnya di sini.

Momen Malam Tirakatan ini dianggap menjadi salah satu tradisi yang dilakukan sebagai bentuk rasa syukur dan terima kasih masyarakat pada para pejuang yang telah merebut kemerdekaan RI pada 17 Agustus 1945. Acara akan diisi dengan pembagian hadiah, doa syukur, dan beberapa acara terkait.

Contoh Teks Pembawa Acara MC Malam Tirakatan 17 Agustus Bahasa Jawa

Mungkin saja Anda akan menemukan beberapa teks berbahasa Jawa yang memiliki banyak kemiripan. Namun yang terpenting Anda akan mendapatkan gambaran tentang teks pembawa acara MC Malam Tirakatan 17 Agustus bahasa Jawa yang dapat digunakan.

Assalamualaikum Wr. Wb.

Baca Juga: 50 Twibbon HUT RI 79 17 Agustus 2024 Keren Gratis, Pasang Foto Gampang Banget!

Para pepundhen ingkang satuhu kinabekten, para pinisepuh miwah sesepuh ingkang kinurmatan, Dukuh Winangka, Bapak Tarmaji ingkang kawulo hormati, Ketua RT 08/RW 03, Bapak Suprapto, bapak-bapak soho ibu-ibu ingkang minulya, sarta kadang kaneman ingkang sutresna Sumangga tansah kula dherekaken muji syukur ing ngarsaning Gusti Allah SWT ingkang Maha Welas lan Asih, ingkang tansah maringi kanikmatan, karohmatan, ugi katentreman sehingga kita sedaya saged makempal ing papan menika ngrawuhi malam Tirakatan 17 Agustus wonten ing Desa Tunggulmulya.

Ingkang salajengipun sholawat saha salam mugi katetepaken dhumateng junjungan kita, Rasulullah Nabi Muhammad SAW, ingkang tansah kito tenggo-tenggo syafaatipun ing yaumul akhir.

Bapak/Ibu sederek ingkang kawulo hormati, keparengo kulo waosaken reroncening adicoro ing ndalu meniko.

Ingkang sepisan, pambuka Ingkang kaping kalih, menyanyikan lagu Indonesia Raya Ingkang kaping tiga, sambutan saking Dukuh Winangka, Bapak Tarmaji. Ingkang kaping sekawan, acara inti ingkang badhe dipunslirani dening Bapak Waskita. Kaping gangsal, doa, ingkang bade dipun roisi dening Bapak Haji Salim. Lan ingkang pungkasan, panutup.

Bapak-bapak, Ibu-ibu, lan sedherek sedoyo, sumonggo kito wiwiti malam tirakatan 17 Agustus 2022 menika kanthi waosan basmalah kawulo dherekaken.

Baca Juga: 3 Teks Amanat Pembina Upacara 17 Agustus di Sekolah Siap Pakai

(bacaan Basmalah bersama-sama)

Matur nuwun, mugi kanthi waosan basmalah menika, adicara ing dalu meniko saget lancar dumugi akhir. Adicara ingkang kaping kalih, menyanyikan lagu "Indonesia Raya" ingkang badhe dipun pimpin dening Ibu Sukawati. Bapak-bapak, ibu-ibu, lan sedherek sedoyo kasuwun jumeneng.

Bapak-bapak, ibu-ibu, lan sedherek ingkang minulya, gandheng wonten ing ngarsa panjenengan sampun samekta unjukan soho dhaharan, kula aturi ngunjuk saha dhahar kanthi mardikaning penggalih.

Bapak-bapak soho ibu-ibu, mboten ngirangi kamardikan anggenipun dhahar soho ngunjuk, sumonggo kita lajengaken adicara ing dalu menika. Adicara ingkang kaping tiga, inggih menika sambutan Dukuh Winangka

Bapak Tarmaji sumonggo.

(Sambutan ketua lingkungan)

Matur nuwun dumateng Bapak Tarmaji ingkang sampun kersa maringi sambutan.

Adicara ingkang salkajengipun inggih menika adicara inti, ingkang bade dipunslirani dening Bapak Agus M.

(Acara inti)

Matur nuwun dumateng Bapak Agus M. adicara ingkang kaping gangsal, inggih menika doa, ingkang bade dipunroisi dengan Bapak Haji Salim

(Pembacaan doa) 

Matur nuwun dumateng Bapak  Haji Salim

Bapak-bapak, ibu-ibu, lan sedherek ingkang minulya, mekaten wau lelampahing adicara malam tirakatan 17 Agustus saking purwakaning adicara dugi pungkasan.

Sumonggo kita tutup adicara ingin dalu menika kanthi waosan hamdalah sesarengan.

(Bacaan Hamdalah) 

Ing wasana, menawi anggen kula matur kathah klenta-klentunipun estu nyuwun agunging pangaksami.

Wabillahi taufik wal hidayah, Wassalamualaikum wr. wb.

Itu tadi sekilas contoh teks pembawa acara MC Malam Tirakatan 17 Agustus bahasa Jawa yang bisa diberikan, semoga berguna!

Kontributor : I Made Rendika Ardian

Editor: Chyntia Sami Bhayangkara

Tag:  #contoh #teks #pembawa #acara #malam #tirakatan #agustus #bahasa #jawa

KOMENTAR